Basa Jawa Kuna

Aksara Latin
     
Bhāṣa Jawa, Bhāṣa Kawi
Dipituturaké ing: Jawa, Madura, Bali
Kapunahan Owah dadi basa Jawa Tengahan ing abad kaping-13
Rumpun Basa
Klasifikasi:
basa Austronesia

 basa Melayu-Polinesia
  basa Melayu-Polinesia Kulon
   basa Sundik
    Basa Jawa Kuna

Status Resmi
basa mati
Kode Basa
ISO 639-1 ...
ISO 639-2 ...
SIL ...

Basa Jawa Kuna (krama Basa Jawi Kina) iku basa Jawa kang dipigunakaké wiwit kurang luwih abad kaping 9 nganti abad kaping 14. Basa Jawa Kuna kahanané isih bisa disinaoni jaman saiki amarga nalika iku basa iki wis ditulis. Basa Jawa Kuna akèh prabawa saka tembung Sansekerta. Akèh paninggalan prasasti lan karya sastra kang tinemu. Yèn prasasti-prasasti iki racaké ditulis ing watu utawa tembaga mawa aksara Jawa Kuna. Nanging yèn karya sastra racaké diawètaké ing Bali lan Lombok mawa naskah rontal, sanadyan uga ana naskah Jawa Kuna saka Jawa dhéwé, Tatar Sundha, lan Madura.


© MMXXIII Rich X Search. We shall prevail. All rights reserved. Rich X Search